Sony Xperia T2 Ultra - Nggoleki piranti sing ilang

background image

Nggoleki piranti sing ilang

Yen sampeyan nduweni akun Google™, layanan web "Protection by my Xperia" bisa

nulung sampeyan nemokake lan ngamanake piranti yen sampeyan nate kelangan. Yen

sampeyan wis ngaktifake layanan iki ing piranti, sampeyan bisa:

Nemokake piranti ing peta.

Munekake pepenget yen piranti ing mode Aja ngganggu.

Ngunci piranti saka kadohan lan nyetel supaya piranti nudhuhake informasi kontak

sampeyan kanggo sapa wae sing nemokake piranti kasebut.

Mbusak memori internal lan eksternal ing piranti saka adoh minangka cara terakhir.

Layanan "Protection by my Xperia" bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara/wilayah.

Ngaktifake layanan Protection by my Xperia ing piranti

1

Pesthekake sambungan data aktif.

2

Saka Layar ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Palindhungan dening my Xperia >

Aktifake.

4

Centhang kothak yen sarujuk karo sarat lan katemton panggunaan Palindhungan

dening layanan my Xperia, banjur tutul

Tampa.

5

Yen dijaluk, mlebua ing akun Google™, utawa gawe akun anyar yen sampeyan

durung duwe.

6

Aktifake layanan lokasi ing piranti yen fungsi iki durung diaktifake.

Kanggo mesthekake layanan Protection by my Xperia bisa nemokake piranti sampeyan sawise

sampeyan ngaktifake layanan, bukak

myxperia.sonymobile.com

lan mlebu nganggo akun

Google™ sing wis disetel ing piranti.