Sony Xperia T2 Ultra - Nampa telpon

background image

Nampa telpon

Yen sampeyan nampa telpon mlebu nalika piranti ing mode ngaso utawa layar dikunci,

aplikasi telpon mbukak ing format layar wutuh. Yen sampeyan nampa telpon mlebu

nalika layar aktif, telpon mlebu ditampilake minangka kabar ngawang, yaiku ing jendhela

cilik sing ngawang ing sisih ndhuwure layar apa wae sing lagi mbukak. Yen ana kabar iki,

sampeyan bisa milih njawab telpon lan mbukak layar aplikasi telpon, utawa nolak telpon

lan tansah mbukak layar saiki.

Njawab telpon mlebu nalika layar ora aktif

Seret nengen.

Njawab telpon mlebu nalika layar aktif

Ing kabar ngawang sing muncul ing sisih ndhuwur layar, tutul

JAWAB.

Tinimbang njawab telpon, sampeyan bisa mbukak layar telpon utama kanthi nutul sisih

ndhuwur jendhela kabar sing ngambang. Nganggo cara iki, ana luwih akeh cara kanggo

ngatur panggilan telpon. Misale, sampeyan bisa mutusi kanggo nolak telpon nganggo pesen

utawa nerusake telpon menyang mesin penjawab.

Nolak telpon mlebu nalika layar ora aktif

Seret ngiwa.

Nolak telpon mlebu nalika layar aktif

Ing kabar ngawang sing muncul ing sisih ndhuwur layar, tutul

TOLAK.

Tinimbang nolak telpon, sampeyan bisa mbukak layar telpon utama kanthi nutul sisih ndhuwur

jendhela kabar sing ngambang. Nganggo cara iki, ana luwih akeh cara kanggo ngatur

panggilan telpon. Misale, sampeyan bisa mutusi kanggo nolak telpon nganggo pesen utawa

nerusake telpon menyang mesin penjawab.

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu

Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

Nggunakake mesin panjawab

Sampeyan bisa nggunakake aplikasi mesin panjawab kanggo njawab telpon nalika sibuk

utawa ora bisa njawab telpon. Sampeyan bisa ngaktifake fungsi njawab otomatis lan

nemtokake pirang detik wektune ngenteni sadurunge telpon dijawab otomatis.

Sampeyan uga bisa sacara manual ngarahake telpon menyang mesin panjawab nalika

sibuk banget lan ora bisa njawab. Lan sampeyan bisa langsung ngakses pesen sing keri

ing mesin panjawab saka piranti.

Sadurunge nganggo mesin panjawab, sampeyan kudu ngrekam pesen uluk salam.

56

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngrekam uluk salam kanggo mesin panjawab

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™ > Salam.

3

Tutul

Rekam salam anyar lan turuti prentah ing layar.

Ngaktifake jawab otomatis

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™.

3

Seret panggeser ing jejere

Mesin Panjawab menyang tengen.

Yen sampeyan ora nemtokake wektu tunggu kanggo jawab otomatis telpon, wektu gawan

bakal dianggo.

Nemtokake wektu tunggu kanggo jawab otomatis

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™.

3

Tutul

Angkat sawise.

4

Atur wektu kanthi nggulung munggah mudhun.

5

Tutul

Rampung.

Nerusake telpon mlebu menyang mesin panjawab

Nalika ana telpon mlebu, seret munggah

Opsi tanggepan banjur pilih Tolak

nganggo Mesin Panjawab.

Nalika ana telpon mlebu, sampeyan uga bisa ngenteni nganti wektu tundha sing disetel

sadurunge wis kliwat supaya mesin panjawab ngangkat telpon kasebut kanthi otomatis.

Ngrungokake pesen ing mesin panjawab

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Mesin Pawangsul Xperia™ > Pesen.

3

Pilih pesen swara sing arep sampeyan rungokake.

Sampeyan uga bisa ngrungokake langsung pesen mesin panjawab saka log telpon kanthi

nutul .

Nolak telpon nganggo sms

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo sms Nalika nolak telpon nganggo sms kaya

mengkono, pesen dikirim otomatis menyang panelpon lan disimpen ing obrolan

Olahpesen karo kontak kasebut.
Sampeyan bisa milih saka pirang-pirang sms sing wis disetel saka piranti, utawa bisa

nggawe dhewe sing anyar. Sampeyan uga bisa nggawe sms pribadhi kanthi ngowahi

saka sing ana ing setelan.

Nolak telpon nganggo pesen sms

1

Nalika ana telpon mlebu, seret munggah

Opsi tanggepan banjur tutul Tolak

nganggo pesen.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.

Nolak telpon liya sajroning telpon nganggo pesen sms

1

Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, seret

Tolak nganggo pesen

munggah.

2

Pilih pesen sing wis ditemtokake dhisik utawa tutul lan tulis pesen.

Ngowahi sms sing digunakake kanggo nolak telpon

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Telpon > Tolak telpon nganggo pesen.

3

Tutul pesen sing arep diowahi, banjur owahi saperlune.

4

Tutul

OK.

57

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.