Sony Xperia T2 Ultra - Kunci layar

background image

Kunci layar

Ana sawetara cara kanggo mbukak kunci layar. Tingkat keamanan saben jinis kunci wis

kadhaptar ing ngisor iki urut saka sing ringkih menyang sing kuat:

Usap – tanpa kajaga, nanging sampeyan duwe akses dalan cepet menyang layar

Ngarep

Pola – tarik pola prasaja nganggo driji kanggo mbukak kunci piranti

PIN – tik PIN numerik paling sithik patang digit kanggo mbukak kunci piranti

Sandhi – tik sandhi alfa-numerik kanggo mbukak kunci piranti

Penting banget sampeyan eling pola bukak kunci layar, PIN utawa sandhi. Yen lali informasi

iki, sampeyan ora bakal bisa mulihake data penting kayata kontak lan pesen.

Yen sampeyan wis ngatur wiwitan akun Microsoft® Exchange ActiveSync® (EAS) ing piranti

Xperia™, setelan keamanan EAS bisa matesi jinis layar ngunci nganti mung PIN utawa sandhi.

Iki kedadeyan nalika administrasi jaringan nemtokake jinis layar ngunci saka kabeh akun EAS

kanggo alasan keamanan. Kontak administrator jaringan perusahaan utawa organisasi kanggo

mriksa kabijakan keamanan jaringan apa sing ditrapake kanggo piranti seluler.

43

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggenti jinis layar kemunci

1

Saka layar Ngarep, tutul lambang layar Aplikasi .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Kunci layar.

3

Tindakake pandhuan ing piranti lan pilih jinis layar kemunci liyane.

Nggawe pola kunci layar

1

Saka layar Ngarep, tutul lambang layar Aplikasi .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Kunci layar > Pola.

3

Tindakake pandhuan ing piranti.

Yen pola kunci sampeyan ditolak kaping lima saurutan, sampeyan kudu ngenteni 30 detik

banjur coba maneh.

Ngganti pola kunci layar

1

Saka Layar ngarep, tutul lambang layar Aplikasi .

2

Golek banjur tutul

Setelan> Keamanan > Kunci layar.

3

Gambar pola bukak kunci layar.

4

Tutul

Pola lan tindakake pandhuan ing piranti.

Nggawe PIN kunci layar

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Kunci layar > PIN.

3

Ketik PIN numerik, banjur tutul

Terusake.

4

Ketik maneh lan konfirmasi PIN, banjur tutul

OK.

5

Tindakake pandhuan ing piranti.

Nggawe sandhi kunci layar

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Kunci layar > Sandhi.

3

Ketik sandhi, banjur tutul

Terusake.

4

Ketik maneh lan konfirmasi sandhi, banjur tutul

OK.

5

Tindakake pandhuan ing piranti.

Ngaktifake fungsi Geser kanggo mbukak kunci

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Kunci layar.

3

Gambar pola bukak kunci layar, utawa ketik PIN utawa sandhi yen salah siji jinis

kunci layar iki diaktifake.

4

Tutul

Usap.